04 Oktober 2009

Jangka Jayabaya

Jangka Jayabaya iku ramalan ing tradhisi Jawa
sing dipercaya ditulis déning Jayabaya, raja Karajaan Kadhiri.
<p>Ramalan iki dikenal umumé dikenal ing kalangan masyarakat Jawa.
<p>Ramalan 1.
Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran.
2. Tanah Jawa kalungan wesi.
3. Prahu mlaku ing dhuwur awang- awang.
4. Kali ilang kedhunge.
5. Pasar ilang kumandhang.
6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak.
7. Bumi saya suwe saya mengkeret.
8. Sekilan bumi dipajeki.
9. Jaran doyan mangan sambel.
10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang.
11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman.
12. Akeh janji ora ditetepi. 13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe
dhewe Manungsa padha seneng nyalah 14. Ora ngendahake hukum Allah 15.
Barang jahat diangkat-angkat 16. Barang suci dibenci 17. Akeh
manungsa mung ngutamakke dhuwit 18. Lali kamanungsan 19. Lali
kabecikan 20. Lali sanak lali kadang 21. Akeh bapa lali anak 22.
Akeh anak wani nglawan ibu 23. Nantang bapa 24. Sedulur padha cidra
25. Kulawarga padha curiga 26. Kanca dadi mungsuh 27. Akeh manungsa
lali asale 28. Ukuman Ratu ora adil 29. Akeh pangkat sing jahat lan
ganjil 30. Akeh kelakuan sing ganjil 31. Wong apik-apik padha
kapencil 32. Akeh wong nyambut gawe apik- apik padha krasa=2
0isin 33.
Luwih utama ngapusi 34. Wegah nyambut gawe 35. Kepingin urip mewah 36.
Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka 37. Wong bener
thenger- thenger 38. Wong salah bungah 39. Wong apik ditampik-tampik
40. Wong jahat munggah pangkat 41. Wong agung kasinggung 42. Wong ala
kapuja 43. Wong wadon ilang kawirangane 44. Wong lanang ilang
kaprawirane 45. Akeh wong lanang ora duwe bojo 46. Akeh wong wadon
ora setya marang bojone 47. Akeh ibu padha ngedol anake 48. Akeh
wong wadon ngedol awake 49. Akeh wong ijol bebojo 50. Wong wadon
nunggang jaran 51. Wong lanang linggih plangki 52. Randha seuang
loro 53. Prawan seaga lima 54. Dhudha pincang laku sembilan uang 55.
Akeh wong ngedol ngelmu 56. Akeh wong ngaku-aku 57. Njabane putih
njerone dhadhu 58. Ngakune suci, nanging sucine palsu 59. Akeh bujuk
akeh lojo 60. Akeh udan salah mangsa 61. Akeh prawan tuwa 62. Akeh
randha nglairake anak 63. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne 64.
Agama akeh sing nantang 65. Prikamanungsan saya ilang 66. Omah suci
dibenci 67. Omah ala saya dipuja 68. Wong wadon lacur ing ngendi-endi
69. Akeh laknat 70. Akeh pengkianat 71. Anak mangan bapak 72.
Sedulur mangan sedulur 73. Kanca dadi mungsuh 74. Guru disatru 75.
Tangga padha curiga 76. =2
0Kana-kene saya angkara murka 77. Sing weruh
kebubuhan 78. Sing ora weruh ketutuh 79. Besuk yen ana peperangan
80. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor 81. Akeh wong becik saya
sengsara 82. Wong jahat saya seneng 83. Wektu iku akeh dhandhang
diunekake kuntul 84. Wong salah dianggep bener 85. Pengkhianat nikmat
86. Durjana saya sempurna 87. Wong jahat munggah pangkat 88. Wong
lugu kebelenggu 89. Wong mulya dikunjara 90. Sing curang garang 91.
Sing jujur kojur 92. Pedagang akeh sing keplarang 93. Wong main
akeh sing ndadi 94. Akeh barang haram 95. Akeh anak haram 96. Wong
wadon nglamar wong lanang 97. Wong lanang ngasorake drajate dhewe 98.
Akeh barang-barang mlebu luang 99. Akeh wong kaliren lan wuda 100.
Wong tuku ngglenik sing dodol 101. Sing dodol akal okol 102. Wong
golek pangan kaya gabah diinteri 103. Sing kebat kliwat 104. Sing
telah sambat 105. Sing gedhe kesasar 106. Sing cilik kepleset 107.
Sing anggak ketunggak 108. Sing wedi mati 109. Sing nekat mbrekat
110. Sing jerih ketindhih 111. Sing ngawur makmur 112. Sing
ngati-ati ngrintih 113. Sing ngedan keduman 114. Sing waras nggagas
115. Wong tani ditaleni 116. Wong dora ura- ura 117. Ratu ora netepi
janji, musna panguwasane 118. Bupati dadi rakyat 119. =2
0Wong cilik dadi
priyayi 120. Sing mendele dadi gedhe 121. Sing jujur kojur 122. Akeh
omah ing ndhuwur jaran 123. Wong mangan wong 124. Anak lali bapak
125. Wong tuwa lali tuwane 126. Pedagang adol barang saya laris 127.
Bandhane saya ludhes 128. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan
129. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara 130. Sing edan
bisa dandan 131. Sing bengkong bisa nggalang gedhong 132. Wong waras
lan adil uripe nggrantes lan kepencil 133. Ana peperangan ing njero
134. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham 135.
Durjana saya ngambra-ambra 136. Penjahat saya tambah 137. Wong apik
saya sengsara 138. Akeh wong mati jalaran saka peperangan 139.
Kebingungan lan kobongan 140. Wong bener saya thenger-thenger 141.
Wong salah saya bungah-bungah 142. Akeh bandha musna ora karuan
lungane Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe 143.
Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram 144. Bejane sing lali,
bejane sing eling 145. Nanging sauntung-untunge sing lali 146. Isih
untung sing waspada 147. Angkara murka saya ndadi 148. Kana-kene
saya bingung 149. Pedagang akeh alangane 150. Akeh buruh nantang
juragan 151. Juragan dadi umpan 152. Sing suwarane seru oleh pengaruh
153. Wong pinter diingar-ingar 154. Wong al
a diuja 155. Wong ngerti
mangan ati 156. Bandha dadi memala 157. Pangkat dadi pemikat 158.
Sing sawenang-wenang rumangsa menang 159. Sing ngalah rumangsa kabeh
salah 160. Ana Bupati saka wong sing asor imane 161. Patihe kepala
judhi 162. Wong sing atine suci dibenci 163. Wong sing jahat lan
pinter jilat saya derajat 164. Pemerasan saya ndadra 165. Maling
lungguh wetenge mblenduk 166. Pitik angrem saduwure pikulan 167.
Maling wani nantang sing duwe omah 168. Begal pada ndhugal 169.
Rampok padha keplok- keplok 170. Wong momong mitenah sing diemong 171.
Wong jaga nyolong sing dijaga 172. Wong njamin njaluk dijamin 173.
Akeh wong mendem donga 174. Kana-kene rebutan unggul 175. Angkara
murka ngombro-ombro 176. Agama ditantang 177. Akeh wong angkara
murka 178. Nggedhekake duraka 179. Ukum agama dilanggar 180.
Prikamanungsan di-iles-iles 181. Kasusilan ditinggal 182. Akeh wong
edan, jahat lan kelangan akal budi 183. Wong cilik akeh sing kepencil
184. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil 185. Banjur ana Ratu
duwe pengaruh lan duwe prajurit 186. Lan duwe prajurit 187. Negarane
ambane saprawolon 188. Tukang mangan suap saya ndadra 189. Wong
jahat ditampa 190. Wong suci dibenci 191. Timah dianggep perak 192.
Emas diarani tembaga 193. Dandang dikanda
kake kuntul 194. Wong dosa
sentosa 195. Wong cilik disalahake 196. Wong nganggur kesungkur
197. Wong sregep krungkep 198. Wong nyengit kesengit 199. Buruh
mangluh 200. Wong sugih krasa wedi 201. Wong wedi dadi priyayi 202.
Senenge wong jahat 203. Susahe wong cilik 204. Akeh wong dakwa
dinakwa 205. Tindake manungsa saya kuciwa 206. Ratu karo Ratu pada
rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi 207. Wong Jawa kari
separo 208. Landa-Cina kari sejodho 209. Akeh wong ijir, akeh wong
cethil 210. Sing eman ora keduman 211. Sing keduman ora eman 212.
Akeh wong mbambung 213. Akeh wong limbung 214. Selot-selote mbesuk
wolak- waliking zaman teka.
Sumber: Wikipedia Basa Jawa

2 komentar:

  1. Biarpun aq ga ngerti bhsanya, tp aq bisa nangkep btapa pentingnya sbuah tradisi.

    BalasHapus
  2. Saya juga kadang masih bingung utk nangkap maksudnya, Mas....hehehe :)

    BalasHapus

Silahkan untuk meninggalkan jejak disini.. Terimakasih