Èlmu saget ateges prosès ngangsalaken pengetauan, utawi pengetauan
kaorganisasi ingkang dipunupados mawi prosès kasebat. Prosès kaèlmuan
inggih punika cara ngangsalaken pengetauan sacara sistematis
perkawis satunggaling sistem . Asil sistematis puniki umumipun arupi
metode ilmiah , lan sistem kasebat umumipun inggih punika alam
semesta. Ing pangertosan puniki, èlmu asring sinebut sains . Nanging,
èlmu saget ugi maknanipun bènten kaliyan pengertosan sains. Ing
masarakat Indonésia, asring kapireng istilah "èlmu hitam", inggih
punika èlmu ingkang nggadhahi konotasi awon, umpaminipun nggadhahi
makna èlmu ingkang muncul saking kekiyatan gaib kanthi tujuan kanggé
tumindak ala. Èlmu saget kagolongaken miturut cara puniki, Humaniora
Èlmu sosial Èlmu pasti (èlmu kanthi teges ingkang langkung ketat)
Èlmu terapan ( rékayasa ) Matematika Èlmu alam Èlmu kedhokteran lan
farmasi Kedah dipuncathet bilih pamisahan puniki adhedhasar konsép
filsafat Nagari Kilèn . Teologi , bagéyan sanès saking pengetauan
menungsa, mboten kaanggep ilmiah saéngga kapisahaken. Èlmu pasti
nyinaoni alam , matematika , lan teknologi , menawi èlmu sosial
nyinaoni prilaku menungsa lan masarakat . Téori "ilmiah" nggadhahi
sifat objektif – saget kabuktèaken sacara empiris 3 lan "prediktif" –
nginten asil empiris ingkang saget dipunpriksa, lan temtu kémawon
saged ugi kosokbalèn. Sapérangan panemon kaèlmuan saged counter-
intuitive sanget. Téori atom umpaminipun, nedahaken bilih prongkalan
granit ingkang katingal awrat, atos, lan padhet nyatanipun arupi
kombinasi subatomik kathah partikel ingkang setunggal kémawon mboten
nggadhahi sifat-sifat kasebat, ingkang éwah cepet sanget ing
setunggaling ruang ingkang méh kosong.
Sumber: Wikipedia Basa Jawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar
Silahkan untuk meninggalkan jejak disini.. Terimakasih